Nasibe wong wadon ndhuk enggone dedongengan ndunya wayang kuwi saktemene ngono ora kepenak blass. Lha piye maneh wong ora ana “emansipasi” utawa sing diarani pepadanane hak karo wayang lanang.Contone Drupadi sing dadi bojo utamane Yudhistira sing jarene duwe getih putih memplak, saking apike wonge lan ugo dadi kesayangane dewa, jarene wis dipasteke mlebu surga, tapi iya tegele bojone didadekake botoh kopik dadon karo Kurawa sing dibandari karo Duryudono.
Maneh Subadra, bojo nomer sijine Arjuna digambarno ayune kinyis-kinyis, lemah lembut, setia, lan pangertene gede, semok kathik sexy pisan; iya mung digawe pajangan ndhuk omah thok. Arjuna sing dadi wayang lanang penggaweane mung keluyuran-kelayaban, tapa, golek kasekten karo maneh dadi “premane” dewa, gelut rono rene karo raja-raja buta (raksasa) musuhe dewa, kathik iya senengane roba-rabi ditambah jarang mulih pisan. Subadra iki jenenge wayang wadon sabar lan apike ora ono padanane. Lha piye tha, jenenge bojo mestine iya pengin dikumpuli karo sing lanang, malah disiyo-siyo. Sawetoro iku Arjuna iki ora tahu mulih omah, sing jenenge mulih omah iku kira-kira setahun pisan iya durung karuwan. Mengko moro-moro mulih wis karo nggawa bojo maneh padahal olehe rabi maneh iya ora tahu kanda-kanda utawa jaluk ijin bojone. Malah saking sabar lan apike Subadra iki malah gelem ngajak bojone anyar Arjuna sing jenenge Srikandi karo Larasati kumpul sak omah. Tapi kira-kira iya karo mbrebes mili ngono.
Terus ana maneh wayang wadon sing di elekna, Banowati sing dadi bojone Duryudana raja Alengka digambarna wayang wadon kaya-kaya ngono setia karo bojone nganti ora gelem kawin maneh bareng bojone wis mati; tapi ngarep-arep pengin diselingkuhi Arjuna. Jarene dedongengan crita, status sing paling duwur wayang wadon iki kasebutake ajeneng widodari utowo sinebut dewi kahyangan, tapi nasibe iya ora luwih apik karo wayang wadon liyane sing diuripna ing ndunya. Contone dewi Uma sing dadi bojone Bethara Guru, rajane Kahyangan, mergo mung ora gelem diajak kumpul melayani syahwat bojone ndhuk nduwure sapi sing jenenge Lembu Andini, di dukani nemen-nemen. (sik yo gendhenge Raja dewa Kahyangan iki, ngajak kumpul yang-yangan wae kok ndhek duwur punuke Sapi..) Ora mung tekan kono wae, sakbanjure kuwi kok iya tegele bojone dewi Uma iki mau banjur dikutuk dadi buta wadon sing kelakuane elek banget ugo di usir diparingi panggonan ing Pasetran Gondomayit jejuluk Bethari Durgo ratuning dhedhemit. Sing digambarake dadi wayang buto wadon biang keroke ndunya sing kudu disingkiri. Padahal biyene iya ayu kinyis-kinyis mangkono.
Iya ora mung kuwi thok, dewi-dewi Kahyangan liyane didadekake kaya barang dagangan dienggo paring hadiah kaya undian marang para wayang-wayang lanang sing dianggep berjasa karo para dewa lan Kahyangan; tanpa dewi-dewine dijaluki persetujuan. (sak enake dewe wis..) Wayang-wayang Lanang sing diparingi hadiah dewi Kahyangan kayata, Resi Gautama, Resi Bagaspati, Prabu Sentanu, Sugriwa, dan Subali. Kabeh mau tanpa persetujuan dewi Kahyangan. Wis tha, dadi wayang wadon ngono ora bisa apa-apa, bisane mung sadarmo nglakoni wae, ben masiyo dadi widodari iya kudu manut wae. Ora bakal dipeduli-ake, gelem ora gelem iya kudu gelem masiyo dienggo paring hadiah dadi bojone Resi Bagaspati sing raseksa utawa Subali lan sugriwo sing kethek.
Opo maneh sing dienggo paring hadiah marang Arjuna jumlahe puluhan iya ora perduli; padahal Arjuno iki bojone akehe iya puluhan. (terus piye olehe kumpul, lak iya nganggur kabeh..)
Ndhuk ndunya wayang, wayang wadon sing paling misuwur yaiku Srikandi. Jenenge wis dadi “ikone” wong wadon sing dianggep “berprestasi” nang segala bidang. Ndhuk Indonesia ono sing jenenge Srikandi birokrasi, Srikandi bulu tangkis, tennis, pengusaha, pokoke akeh banget. Kaya mangkono mau saktemene kanggo nyenengake lan dadi tandane balas jasa ndhuk enggone masyarakat utowo Negara.
Ing kasunyatan gegambaran sing ono saiki koyo-koyo Srikandi wis dadi simbol emansipasi antarane pepadanane hak wong wadon karo wong lanang, simbol kepahlawanan ndhuk enggone satengahing masyarakat. Tapi apa iya bener ngono tha? Kok kayane mung dadi simbol sing semu.
Ndhuk ndunya wayang Srikandi ugo wis dadi siji-sijining wayang wadon sing diparingi hak oleh perang ndhuk enggone Bharatayuda, kathik bisa menang pisan. Bisma sing dadi pahlawane Kurawa ora sanggup nglawan Srikandi. Kalah lan mati kena udan panahe Srikandi. Sing banjur sakteruse mbukak dalan kanggo kemenangane Pandawa lan ugo didadekake pahlawan wayang wadon. Tapi saktemene ngono ono sing luput soko ”paradigma pandangan” kita. Srikandi bisa menang perang mau mung kanggo didadek-ake ”alat”, dudu dadi lelakon sing utama kepahlawanan wayang wadon.
Saktemene ngono sing menang perang karo Bisma lan dadi patine sang Resi, dudu Srikandi, tapi Amba. Amba iki sing dhek biyen, jamane nom-nomane ditolak cintane karo Bisma, banjur ndhuk sakjroning patine isih nyimpen ”dendam” karo Bisma sing wis dienteni nganti tumekane perang Bharatayuda.
Bebarengan karo wektune Srikandi menthang gendewa arepe manah Bisma ndhuk perang Bharatayuda, Amba ngrasuk, nyurup, mlebu ndhuk awake Srikandi. Kedadeyan kahanan koyo ngono mau langsung diweruhi Bisma. Mulane Bisma eling yen biyene duwe kesalahan karo Amba, terus pengin nebus dosane banjur meneng wae ora nglawan udan panahe Srikandi sing saktemene dudu Srikandi tapi Amba lan akhire dadi patine.
Tapi iya wis dadi kasunyatan ndhuk enggone masyarakat yen Srikandi dipuja lan didadekake simbol penting sebagai ikon kepahlawanane jenenge wong wadon, Masiyo saktemene Srikandi mung dadi alat sijining dendam mergo kepahlawanane dudu kemampuane dewe.
Kita wis ora perduli Srikandi uga wis nyikoro atine Subadra, bojo pertamane Arjuna wektu arep di pek bojo karo Arjuna. Kita ugo wis ora nggagas yen Srikandi iya wis digambarake dadi wayang wadon sing ngenes atine lan pasrah ”bongkokan” rela dimadu bolak-balik. Dadi saktemene ngono Srikandi mung gegambaran semu upayane menghibur ketertindasane wong wadon.
Iki mau wis podo wae karo menghibur wong wadon digawekake kumpulan Dharma Wanita, kaya maneh ing syariat Agama menghibur karo anane ”Surga dibawah telapak kaki Ibu”, kaya kapitalisme menghibur karo gelar-gelar ratu ayu-ayunan. Padahal emansipasi iku iya saktemene isih durung ”menyeluruh”
Dadi kesimpulane ndhuk ndunyane wayang sing dadi wewayangane menungsa khususe masyarakat Jawa isih durung pas yen dienggo pathokan pepadanane jender. Mergo sing jenenge wayang wadon iku wis mesti sengsarane.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar